Jaman saiki ombyaking kamardikan pribadi ing bab babar panemu prasasat kaya tanpa wates, babagan kang ing mangsa kepungkur tangeh lamun isa kelakon, apa maneh sasuwene ana teknologi jejaring internet lan media sosial kepara angel selak saka gepok senggol rerambahan ing jagad maya, kang wis dadi wahana sesrawungan, rerembugan, weneh kekabaran ing antarane kanca rowang.
Kekancan ing jagad maya uga ora mligi amung kanca rowang ing panggonan caket sakiwa tengen utawa kang kerep kepethuk ing sabendinane nanging malah ora mokal isa sesrawungan karo pawongan anyar ing jaban rangkah kang adoh saka panggon sesrawungan sabendinane.
Wis kaya ora nganeh-anehi kepara bab kang lumrah ing media sosial saben pawongan duweni panemu, gagasan kang ana kalamangsane geseh antarane siji lan sijine kang dadekake udreg usrek eyel-eyelan rebut bener karo kanca rowange ing media sosial.
Sajane ora ana alane duweni panemu utawa gagasan kang beda, jer pancen jejere manungsa ngono mesthi duweni penemu kang beda-beda, seja sirah seje sing diangkah, mulane bab udreg usreg-e manungsa mengkono wus dadi kodrate alam donya, wis dadi garis pesthine Gusti Allah.
Sanajanta mengkono samesthine ana unggah-ungguh, tata krama lan timbang rasa mangsakala atur panyaruwe aja nganti keladuk kebablasen ngudi benere dhewe, ngudi menange dhewe, rebutan bener kang ora ana jluntrungane nganti nglirwakake bebener kang sayekti.
Mbat-mbatan rembug asung eguh pertikel mengkono menawa adhedhasar angkahan amrih prayoga lan tentreming bebrayan agung mesthi nuwuhake guna miguna kang gedhe tumrap sakabehane.
rak ya ngono ta Jrenggg ???
Tidak ada komentar:
Posting Komentar