Jumat, 21 September 2018

Antawis toya kalawan lisah

Ing antawisipun perkawis ingkang utami, sae, leres kalawan perkawis ingkang nistha, awon, lepat punika sayektinipun sampun saged ketingal kanthi gamblang terang cetha wela-wela kadosdene cethanipun ing antawis toya kalawan lisah, boten badhe saged kempal campur tetunggalan salami-laminipun, andekpuna dipunworaken wonten satunggal wadhah.
Pramila ing babagan punika sampun wonten kikis utawi let-letanipun ingkang dados wates galeng pundi perkawis ingkang sae saha pundi perkawis ingkang awon.
Wewaton tansah ngreksa penggalih ingkang wening saha ngudi raos jejeging adil, nebihi hardaning manah, ubaling nepsu mila boten lidok kekalihipun badhe gampil anggenipun milah-milahaken.


(Dubin 18092018, ing wayah Lerem Wong /jam 10 dalu, dinten Selasa Legi, 7 Sura taun Be 1952.)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar