Menawa dakgatekake saiki kok samsaya akeh priyayi sing sejatine ya wong indonesia tulen, praupane ya praupan wong Indonesia, sandhang penganggone ya sandhangan cara Indonesia, lagak lageyane ya ketoke Indonesia…, nanging yen madhongi pidhato kok banjur kemingris.., basane dicampur-campur basa Inggris…, ya sekjane apik-apik wae yen upamane ing sajerone apa kang arep dibabarake kuwi ora nemu kosa kata ing basa indonesia.., lha yen kang mengkono kuwi banjur nganggo kosa kata basa Inggris pancen wis satrep-e kudu diucapake sarana kosa kata basa Inggris.., karang jamane ya pancen jaman globalisasi…, nanging yen mung amarga kepingin ketok keminggris banjur gaya omongane di-inggris-inggrisne kok rasa-rasane ngrungokne malah marakne eneg krasa kepingin mutah..
Pak..Pak.. gayamu kemringgis, biasa wae malah ketok ngganteng sampeyan Pak.., gaya keminggris-e sampeyan malah njalari ketok kurang Natural.., kurang Original lan sajak kaya someone who has crisis of identity..

Tidak ada komentar:
Posting Komentar