Kembang ungu sumebar ing telenging ati
Werna ungu semu biru endah sinawang
Pralambang manah kingkin ginubel kapang
Siyang ratri tansah gumlibet lir wewayangan
Datan bisa kaslimur tansah ngreridhu
Kembang ungu mekar mekrok ing telenging ati
Netra bening blalak-blalak lir toya wening
Pasuryan endah sumorot lir cahyaning rembulan
Solahbawa rancak tumata sugih ing tata trapsila
Anjalari keprana trenyuh sengsem ing telenging ndriya
Kembang ungu.., sapa jenengmu ?
Sayekti datan sranti tengga tibaning wanci
Lumaris ing janji temya impen-impening ati
Ing pengangen- angenku...,
sliramu dak kanthi manjing ing taman sidomukti
Ing kono.., kababar wutahing rasa brangti
Kembang ungu apa kang dadi wangsulanmu ?
(Dubin, 10Des17 / Sumuk ora sida udan)
Minggu, 10 Desember 2017
Selasa, 05 Desember 2017
Liwung
Wewangun swasana purwakaning ratri
Ing antawis tabuh wolu dalu
Kapiyarsi titir kenthong dara muluk
Mratandhani warta tata raharja titi tentrem
Katingal remeng-remeng mendhung ing sisih kidul kilen
nggembuleng ireng lelimengan ing awiyat
Prasasat kaya-kaya nedya ngemuli bumi
Pratandha toya caraca badhe tedhun prapti
Kadyadene rasa pangrasa kawula
Ginubel rasa liwung ndedet lelimengan
Lir benang lawe mbundet buntet
Ical dalan keblasuk margi wangsul
Kinunjara pitakon datan pinanggih ing wangsulan
Wonten pundhi papan dunung susuhing angin ?
Saking pundhi asal dumuginipun geni ?
(Dubin,27 Nov 17 # Arep udan)
Langganan:
Postingan (Atom)