Jlentrehe tetembungan ing dhuwur kurang luwihe ora serik, ora gething tumrap kahanan ing mangsakala nembe nemahi lelakon kang ora ngepenakake kayata nalika ketaman musibah kedadeyan kelangan bandha utawa sanak keluwarga
Para pinisepuh wis paring ujar-ujaran tembung piwulang kanggo pepeling murih isa angon obahe ati lan pikiran, aja nganti kuciwa kang keladrang-ladrang nganti tuwuh rasa nglokro nampa apa kang dadi panandhang, amarga lelakon urip ngono mung ana rong perangan, yen ora pinaringan bebungah karahajan sarwa gampang, ya mesthi pinaringan kosok balene.., pinaringan pacoban sarwa cupet, kesrimpet-srimpet susah paribasan tansah kaliput pedhut peteng, sakabehe kahanan kuwi amung mujudake pacobane urip, sejatine upama kabeh isa ditampa kanti longgaring ati lan tansah eling nglenggana yen amung saderma titah kewala, bungah lan susah ora ana bedane.., urip mung saderma nglakoni..
Jumbuh karo pangandikane kanjeng Nabi ing salah sawijine hadits “Mendah sarwa nggumunake kahanan wong kang ndarbeni iman, kahanan apa wae tansah katampa apik tumrap dhiri pribadhine, mligine tumrap wong kang mukmin, yen pinaringan bebungah kesaenan dheweke unjuk syukur, lan rasa syukur kuwi mau apik tumrap deweke semono uga yen pinaringan pacoban musibah kesusahan dheweke banjur sabar, lan sabar kuwi mau uga apik tumrap dhiri pribadhine” ( HR Muslin No. 2999)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar