Minggu, 07 Oktober 2018

Adol umuk

Empuk idhum anggone muwus
Barang teles kagunem wus atus
Nyidam aleman keselak besus
Adol umuk karem apus-apus
Kasengsem empuking dhampar panguwasa
Nora noleh githok rumangsa bisa
Nggrangsang lenggah kumecer asung prentah
Driji nuding nora kepranan banjur  muring
Kumalungkung yen diduwa wusana mutung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar